Unggah Ungguh Ono Ing Desa Kang Perlu Digatekake

AHMAD PAMUJI 03 Februari 2020 21:58:25 WIB

Yen urip ono ing desa wis sakmestine awake dhewe kudu ngerti unggah – ungguhe amarga urip ono ing desa iku cerak karo tonggo teparo. Yen awake dhewe nduweni unggah – ungguh awake dhewe diajeni karo liyane ugo kepenak anggone sesrawungan. Semogo ugo yen awake dhewe ora nduwe unggah – ungguh awake dhewe digreneng keporo malah dipecicili lan disuarani sing ora – ora. Mula ayo pada digatekake utamane kanggo cah enom.

  1. Yen mlaku ono ing ngarepe uwong kang lagi mandheg yo awake dhewe kudu muni “ndherek langkung..., nuwun sewu... utawa plamit...” karo awak lan sirahe ndungkluk setitik.
  2. Yen petuk uwong ono ing ndalan lagi mlaku, ngepit, utawa nganggo montor yo sopo aruh utawa nglakson ora lali mesem.
  3. Yen numpak montor rindhik – rindhik ora pecicilan.
  4. Yen numpak montor heleman mbokmenowo arep takon uwong helem e dicopot.
  5. Yen omongan karo wong sek luwih tuwa nganggo basa krama kejaba wis akrab.
  6. Yen ono kerjabakti utawa tandang gawe yo kudu melu yen ora melu sesuk nek nduwe tandang gawe yo ora diewangi.
  7. Srawung ora ndelikan neng omah. Yen wong enom yo srawung ono ing muda – mudi, melu nyinom, lsp.
  8. Yen ngeterke undangan manten utawa uleman yo matur nganggo basa krama sing apik.
  9. Kudu ngerti wayah yen gawe acara rame – rame ora nganti wengi banget amarga nganggu tanggane.
  10. Yen teka ono ing salah siji acara yo salaman disik karo wong sek wes ono ojo langsung lungguh.
  11. Yen laden utawa nyinom le nggawa beki ono ing sakduwure dodo, yen lesehan anggone ngladekake ojo lali sila lan mlakune jongkok, yen nggujeng gelas posisi tangan ojo nutupi nduwur gelas ananging dicekel kadi pinggir gelas.
  12. Lan sakpiturute.     

Komentar atas Unggah Ungguh Ono Ing Desa Kang Perlu Digatekake

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Jumlah Pengunjung

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License